SEMINAR PENDIDIKAN BAHASA, SASTRA DAN BUDAYA
PROPOSAL
(Dipundamel kangge jangkepi salah satunggaling tugas UAS Seminar Pendidikan Bahasa Sastra dan Budaya)
Disusun oleh :
Intan Purnamasari
(09205244030)
PBD
JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2012
A. NGINDHAKAKEN KATRAMPILAN NYERAT DESKRIPSI BASA JAWA NGGINAKAKEN MEDIA FOTO KOLASE TUMRAP SISWA KELAS VII SMP NEGERI 4 WATES
B. Dhasaring Panaliten
Ing salebeting peranganing basa saged dipunperang dados sekawan kaprigelan inggih menika kaprigelan nyemak, kaprigelan micara, kaprigelan maos, lan kaprigelan nyerat. Saking sekawan kaprigelan menika ingkang kedah dipunsinau inggih menika nyemak rumiyin lajeng micara, ingkang nomer tiga inggih menika maos lan pungkasanipun inggih menikan nyerat.
Nyerat minangka salah setunggal kaprigelan ingkang kedah dipunsinau kangge nyengkuyung kaprigelan siswa. Sinau nyerat menika kedah ngginakaken metode-metode tartamtu. Pengginakan metode menika nggadai panyengkuyung ingkang ageng tumrap kabecikan pasinaon wonten ing kelas. Metode pasinaon ugi saged mbiantu guru anggenipun ngandharaken materi supados siswa menika langkung gampil nampi materi pasinaon.
Salah setunggaling cara ingkang dipunginakaken ing kompetensi nyerat deskripsi basa Jawa inggih menika foto kolase. Media Foto Kolase menika sae dipunginakaken ing pasinaon amargi metode menika saged nuwuhaken karemenan siswa anggenipun sinau nyerat deskripsi basa Jawa.
Metode Gambar menika jumbuh bilih dipuntindakaken wonten ing SMP Negeri IV Wates. Pasinaon wonten ing SMP Negeri 4 Wates babagan Basa Jawa menika wonten salah satunggaling gladhen nyerat, antawisipun nyerat cerkak, cerbung, geguritan lan sapiturutipun. Saking pirembagan ingkang dipuntindakaken kaliyan guru basa jawa, nyerat menika penting sanget dipunsinauni tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates. Media menika saget mbiyantu siswa kangge ngembangaken ide, ugi media menika saget maringi sasana ingkang beda. Dados wonten ing pasinaon, siswa menika ngraosaken kagiatan pasinaon ingkang mboten monoton lajeng saget ngembangaken daya tarik, kapinginan ugi minat siswa anggenipun sinau nyerat deskripsi.
C. Underaning Perkawis
Adhedasar saking dhasaring panaliten wonten ing nginggil menika saget dipunpundhut underaning perkawis, antawisipun:
1. Katrampilan nyerat deskripsi basa Jawa perlu dipuntingkataken tumrap siswa.
2. Cara pasinaon nyerat deskriptif dereng ngginakaken media pasinaon.
3. Pengaruhipun pangginakan media foto kolase wonten pasinaon nyerat deskriptif tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates.
D. Watesaning Perkawis
Panaliten menika mboten ngrembag sedaya perkawis ingkang sampun dipunandharaken wonten ing nginggil. Saking perkawis-perkawis ing nginggil perkawis wonten panaliten menika dipunwatesi inggih menika “Ningkataken kaprigelan nyerat deskripsi ngginakaken media foto kolase tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates”.
E. Wosing Perkawis
Saking watesaning perkawis ing nginggil kala wau, wosing perkawis panaliten menika, Kados pundi ningkataken kaprigelan nyerat deskripsi basa Jawa ngginakaken media foto kolase tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates?”
F. Ancasing Panaliten
Saking wosing perkawis ing nginggil menika, panaliten nggadhahi ancasing saking panaliten inggih menika ningkataken kaprigelan nyerat deskripsi ngginakaken media foto kolase tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 wates.
G. Paedahing Panaliten
Ngginakaken media kanthi media pasinaon foto kolase wonten ing pasinaon nyerat deskripsi basa Jawa, panaliten nggadhahi paedah inggih menika:
1. Nambah media pasinaon kangge materi nyerat deskripsi basa Jawa.
2. Ningkataken kaprigelan nyerat deskripsi basa Jawa.
3. Ningkataken keaktifan siswa wonten ing pasinaon nyerat deskripsi basa jawa.
H. Watesaning Pangertosan
1. Kaprigelan Nyerat menika menangka kaprigelan nuwuhaken ide, gagasan, pikiran kanthi ngginakaken pratandha grafis ingkang awujud seratan.
2. Anggitan deskripsi menika nggambaraken kakhanan ingkang jumbuh kaliyan kasunyatan saengga pamaos saget mresani, mirengaken ugi ngraosaken menapa ingkang dipunmangertosi kaliyan panyerat.
3. Basa Jawa standar inggih menika Basa Jawa ingkang dipunginakaken kalian masyarakat ing Ngayogyakarta lan Solo.
4. Media Pasinaon, sedaya pirantos ingkang dipunginakaken wonten ing kagiyatan pasinaon kanthi maksud kangge ndugekaken pesen (informasi) pasinaon saking sumber (guru utawi sumber sanes) kangge panampi (wonten menika para siswa warga pasinaon).
I. Gegaran Teori
a. Nyerat
Miturut Widyamartana (1990: 2) ngandharaken bilih nyerat menika kagiyatan ingkang nuwuhaken gagasan lan dipunandharaken mawi seratan dhateng pamaos kangge mangertosi kanthi tepang menapa ingkang dipun maksud kaliyan panyerat.
Menawi miturut Tarigan (1986:1) ngandharaken bilih nyerat menika kagiyatan ingkang ngedalaken utawi nggambaraken lambang-lambang grafik ingkang nggambaraken basa ingkang dipunmangertosi tiyang saengga tiyang sanes menika saget maos lan mangertosi lambang-lambang grafik kasebat.
Saking andharan para ahli ing nginggil menika saget dipundudut bilih nyerat menika kaprigelan kangge ngandharaken gagasan, pesen lan pendhapat ingkang saget dipunmangertosi kaliyang tiyang, saengga tiyang sanes saget maos lan mangertosi maksud saking pesen ingkang badhe dipunandharaken.
b. Jenis seratan
Miturut ancasipun panyeratan menika kaperang dados 4 jenis, inggih menika:
1. Eksposisi
Eksposisi menika salah satunggaling anggitan ingkang ngupiyakaken kangge ngandharaken pokok pikiran ingkang saget dipunginakaken tiyang kangge nambah pangertosan menawi maos anggitan kasebat. (Bistok, 1985:15)
2. Deskripsi
Deskripsi menika wujud seratan para panyerat kangge maringi rincian-rincian utawi andharan saking objek ingkang saweg dipunwicantenaken. (Gorys Keraf, 1981:93)
3. Narasi
Narasi menika anggitan ingkang gayutan kaliyan urutaning kadadosan. Ancasipun ngandharaken kaliyan pamaos menapa kemawon ingkang kadadosan. ( Bistok sirait, 1985: 24)
4. Argumentasi
Argumentasi menika mangertosi caranipun ngginakaken fakta. Ancasipun ngajak (mbujuk). (Keraf, 1981:24)
c. Anggitan deskripsi
Anggitan deskripsi miturut Keraf (1995:7) minangka anggitan ingkang ancasipun kangge nggambaraken utawi nyariosaken satunggal babagan, wujudipun namung satunggal barang, utawi ingkang dipungambaraken menika kadosta wonten ing ngajengipu panyerat.
Anggitan deskripsi nggambaraken kakhanan ingkang jumbuh saengga pamaos saget mresani, mirengaken ugi ngraosaken menapa ingkang dipunmangertosi kaliyan panyerat.
d. Basa Jawa
Basa Jawa ingkang dipunmaksud wonten ing salebeting panaliten menika inggih menika basa jawa standar. Basa Jawa standar inggih menika Basa Jawa ingkang dipunginakaken kalian masyarakat ing Ngayogyakarta lan Solo (Wedhawati, 2006: 13). Pasinaon Basa Jawa siswa kelas VII SMP Negri 4 wates menika ngginakaken Basa Jawa standar. Dados siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates menika dipunsuwun nyerat deskripsi basa jawa standar tingkat ngoko.
e. Media Foto kolase
Foto menika minangka piranti ingkang asring dipunginakaken kangge media, amargi media foto menika praktis lan menarik, ugi tansah gampil dipunmangertosi kaliyan siswa. Media foto kolase menika minangka media ingkang langkung menarik tumrap siswa. Miturut KBBI Depdikbud (1988:450), kolase inggih menika caranipun nyusun karya kanthi cara nempelaken bahan-bahan (kain, kertas, kayu) gambar ingkang gayutab satunggal kaliyan sanesipun.
Media kolase menika minangka guntingan gambar saking majalah utawi koran saking perkawis ingkang beda ananging konteksipun sami menawi gambaripun dipungayutaken satunggal kaliyan sanesipun. Unsur kolase menika gambar ingkang kaperang saking foto wonten majalah utawi koran, sketsa, karikatur utawi teks.
Miturut Sanaky (2009:71) media gambar utawi foto ingkang sae dipunginakaken kangge media pasinaon, kedah nggadhahi 5 syarat inggih menika:
1. Kedah autentik, tegesipun gambar kedahipun jujur nggambaraken kakhanan kados aslinipun.
2. Sedherhana, gambar kedahipun cekap jelas ngandharaken point-point pokok gambaripun.
3. Ukuran relatif, mboten katingal langkung ageng ugi mboten katingal langkung alit, ananging dipuntrepaken kaliyan kabetahan. Foto utawi objek kedahipun ingkang asring dipunmangertosi kaliyan siswa.
4. Foto kedah nggadhahi unsur gerak utawi tumindak ingkang ngandharaken satunggal kagiyatan.
5. Foto ingkang sae menika dereng mesthi sae kangge kagiyatan pasinaon, foto ingkang sae dipunginakaken dados media pasinaon kedahipun sae meniwi dipunpresani lan trep kaliyan ancasipun pasinaon ingkang badhe dipunsinauni.
f. Nalaring Pikir
Ancasipun pasinaon basa jawa wonten ing SMP inggih menika supados siswa nggadhahi disiplin pikir tumrap abasa jawa (micara lan nyerat). Kanthi gladhen micara utawi nyerat, samangke siswa gadhahi disiplin pikir piyambak. Ing salebeting kagiyatan pasinaon woten ing SMP Negeri 4 Wates, para siswa asring ngandharaken bilih pelajaran basa jawa kaanggep sisah sahingga ngaruh kaliyan bijinipun. Kaprigelan abasa mliginipun wonten kompetensi nyerat deskripsi, siswa menika asring kangelan anggenipun nemtokaken tema, pokok pikiran, ngedalaken ide, gagasan ugi pamikiripun kanthi wujud seratan. Salah satunggal ingkang ndadosaken pasinaon menika kirang, inggih menika media ingkang dipunginakaken kirang trep.
g. Panaliten ingkang Jumbuh
Panaliten menika jumbuh kaliyan panalitenipun Army Hidayah (2009) kanthi irah-irahan “Upaya Peningkayan Kemampua Menulis Puisi Melalui Medi Foto Bagi Siswa Kelas VIIIA SMP Negeri 5 Depok Sleman”. Panaliten menika jumbuh kaliyan panaliten kanthi ingkang irah-irahanipun “Ngindhakake Katrampilan Nyerat Deskripsi Basa Jawa Kanthi Ngginakaken Media Foto Kolase Tumrap Siswa Kelas VII SMP Negeri 4 Wates”, amargi panaliten menika sami ingkang badhe dipuntingkataken menika kaprigelan Nyerat, ananging bedanipun nyerat puisi kaliyan nyerat deskripsi ugi papan panalitenipun beda.
h. Hipotesis
Pangginakan media foto kolase saget ningkataken kaprigelan nyerat deskripsi basa Jawa tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates.
Miturut Hastuti (1987:12) kaprigelan saget dipuntingali saking jenjeng sekolah/ papan pasinaon siswa. Tingkant kaprigelan nyerat siswa SD menika beda kaliyan kaprigelan nyerat siswa SMP utawi SMA. Kaprigelan nyerat tingkat SD menika dados dhasaripun nyerat wonten ing tingkat SMP lan salajengipun. Dados menawi inggil tingkat sekolahipun, kaprigelan nyeratipun lan pangertosanipun ugi wiyar.
J. Cara Panaliten
a. Jinising Panaliten
Panaliten menika kagolong Panaliten Tindakan Kelas amargi minangka wujud kajian ingkang sipatipun reflektif saking pelaku tindakan (guru), ingkang dipuntindakaken kangge ningkataken kaprigelan rasional ugi ndandosi kondisi paraktek pasinaon supados langkung sae (Hopkins, 1993:44).
Wonten panaliten menika guru ngginakaken media foto kolase kangge nyengkuyung anggenipun sinau nyerat deskriptif basa jawa tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 wates.
b. Subjek lan Objek Data
Subjek wonten ing panaliten menika inggih menika siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates mliginipun siswa kelas VII.
Lajeng objek wonten panaliten menika inggih menika ningkataken kaprigelan nyerat deskripsi basa Jawa kanthi media foto kolase.
c. Posedur Panaliten
Panaliten Tindakan menika dipunlampahi wonten ing satunggal kelas kangge ngamati ugi nyerat perkembangani ingkang dumados. Panaliten tindakan menika dipunlampahi kanthi andhedhasar langkah-langkah ingkang dipunlampahi kanthi 2 siklus ingkang ngginakaken media foto kolase.
1. Perencanaan
Perencanaan menika dipunronce antawis panaliti kaliyan guru basa Jawa kelas VII kanthi cara dialog lan diskusi . Dialog lan diskusi dipunlampahi kangge ngronce babagan menika:
1. Materi panyeratan deskripsi kaliyan media foto kolase ingkang badhe dipunginakaken.
2. Piranti panaliten awujud seratan lapangan ingkang wosipun urutaning langkah-langkah panaliten tindakan kelas ingkang badhe dipunlampahi.
3. Jadwal Panaliten Tindakan Kelas.
4. Piranti ukur ingkang badhe dipunginakaken kadosta lembar pambiji seratan.
2. Tindakan
Tindakan wonten ing panaliten menika inggih menika manfaataken media foto kolase. Tindakan menika dipunlampahi kanthi siklus-siklus. Saderengipun dipunlampahi tindakan, langkung rumiyin dipunlampahi pretest kangge mangertosi kemampuan awal siswa anggenipun nyerat deskripsi basa Jawa. Lajeng dipunlampahi:
a. Sikus I
Tindakan menika dipunlampahi wonten ing kelas. Kagiyatan wonten ing siklus I menika antawisipun:
1. Maringi pangertosan kaliyan siswa babagan nyerat deskripsi basa Jawa.
2. Ngenalaken media foto kolase kangge mendia pasinaon.
3. Ningali respon kaliyan tanggapanipun siswa tumrap kalaksanan kagiyatan ingkang dipuntindakaken.
4. Ngawontenaken postest, inggih menika nyerat deskripsi basa jawa kangge mangertosi kemapuanipun siswa.
b. Siklus II
Kagiyatan wonten ing siklus II menika badhe dipunwontenaken modifikasi pasinaon kaprigelan nyerat deskripsi Basa Jawa dijumbuhaken kaliyan kasil evaluasi lan refleksi wonten ing siklus I. Siklus II menika ancasipun kangge mangertosi peningkatan kaprigelan nyerat deskripsi basa jawa kanthi media foto kolase sasampunipun dipunlampahi perbaikan tumrap prosese pasinaon ingkang dasaripun saking refeksi siklus I.
3. Observasi (Pengamatan)
Observasi ingkang dipunlampahi menika implementasi kangge pemantauan inggih menika antawisipun :
1. Observasi kagiyatan proses pasinaon ing kelas.
2. Observasi perilaku siswa, ingkang dipunlampahi menika ngamati perilaku siswa ugi respon siswa tumrap pangginakan media foto kolase kangge pasinaon nyerat deskripsi basa Jawa.
3. Observasi proses pasinaon wonten ing kelas, ingkang dipunamati inggih menika kados pundi kasilipun saking kagiyatan pasinaon ing kelas. Wonten babagan menika ingkang dipunmaksud kasiling saking nyerat deskripsi basa Jawa kanthi ngginakaken media foto kolase.
4. Refleksi
Refleksi dipunlampahi kangge mbiji lan nganalisis ingkang sampun dipuntumindakaken, ngengengi perkawis ugi menapa kemawon ingkang wonten gayutanipun kaliyan tumindak ingkang sampun kalaksanan. Refleksi menika dasaripun saking kasiling observasi (pengamatan), tes ugi pengamatan ingkang dipunlmpahi panaliten lan kolaborator, ugi seratan lapangan ingkang dipundamel kaliyan panaliten.
Kasiling panaliten menika lajeng dipunginakaken kangge nglajengaken kagiyatan siklus salajengipun. Tindakan ingkang sampun sae dipunlajengaken ing kagiyatan pasinaon salajengipun, menawi tindakan ingkang kirang sae saget dipunganti utawi dipundandosi wonten siklus salajengipun.
d. Pirantining Panaliten
1. Pedoman Observasi
Pedoman observasi menika dipunginakaken kangge ngasilaken data awujud kagiyatan guru menawi mucal wonten kelas, metode ingkang dipun ginakaken kangge pasinaon, ugi sarana ingkang dipun ginakaken guru menawi mucal nyerat deskripsi basa jawa siswa kelas VII.
2. Seratan Lapangan
Seratan lapangan ingging menika seratan perkawis-perkawis ingkang kadadosan. Seratan menika isinipu kesan lan penafsiran tumrap perkawis ingkang kadadosan wonten ing kelas menawi tindakan kelas menika kalaksanan.
3. Dokumentasi
Dokumenyasi menika awujud foto-foto kagiyatan panaliten tindakan kelas saking wiwitan dumugi pungkasan pasinaon.
e. Caranipun ngempalaken data
Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten panaliten menika, kanthi cara tes kaliyan non tes kangge ngukur peningkatan kaprigelan nyerat deskripsi basa jawa kanthi media foto kolase tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates.
Cara tes menika piranti tes ingkang dipunparingaken awujud prentah dhumateng siswa kangge gladhen nyerat deskripsi basa jawa kanthi media foto kolase kangge mangertosi kemampuan siswa anggenipun nyerat deskripsi basa jawa.
f. Caranipun Nganalisis Data
Cara nganalisis data ingkang dipunginakaken kangge analisis panaliten tindakan kelas menika kanthi deskriptif. Cara deskriptif inggih menika cara ngolah data kanthi cara ngambaraken peningkatan kagiyatan pasinaon, perilaku, motivasi, ugi kaprikelan nyerat deskripsi siswa saking kasil pengamatan observasi, seratan lapangan, deskripsi data menawi pasinaon kalaksanan sarta tes kasil panaliten. Tes menika ngasilaken data arupi biji utawi angka kaprigelan nyerat deskripsi basa jawa. Biji menika nggambaraken wontenipun pambeda, inggih menika ingkang awujud penurunan/peningkatan kaprigelan nyerat siswa saderengipun dipunsukani tindakan lan sasampunipun dipunsukani tindakan.
g. Cara Ngesahaken Data
Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika validitas demokrasi. Panaliten menika ngginakaken validitas demokrasi amargi panaliti kaliyan guru saha siswa menika saestu kerja sami (berkolaborasi) ugi nampi sedaya masukan saking sinten kemawon kangge ngupiyakaken peningkatan pasinaon basa Jawa mliginipun inggih menika katrampilan nyerat diskripsi tumrap siswa kelas VII SMP Negeri 4 Wates.
Reliabilitas ingkang dipunginakaken wonten panaliten menika inggih menika reliabilitas intratter dan interrater. Intratter inggih menika maos kanthi bolan-balen sahingga data ingkang dipunangsal sami, saengga langkung absah katimbang kanthi maos namung sepisan. Interrater inggih menika nyuwun pendapatipun tiyang sanes ingkang langkung ahli, inggih menika nyuwun pendhapat kaliyan dosen pembimbin menapa dene kaliyan dosen mata kuliah Seminar Pendidikan Bahasa, Sastra dan Budaya . Kanthi nindakaken diskusi lan konsultasi menika dipunkarepaken panaliten menika leres ugi abash.
KAPUSTAKAN
Sirait Bistok, dkk. 1985. Pedoman Karang Mengarang. Jakarta: Departemen P&K
Keraf,Gorys. 1981. Eksposisi dan Deskripsi. Flores: Nusa Indah
Wedhawati, dkk. 2006 . Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Balai Bahasa
Hastuti PH, Sri, dkk.1982. Tulis Menulis. Yogyakarta : LD Lukman
Tidak ada komentar:
Posting Komentar